Blog Entrywara-waraApr 21, '08 11:59 AM
for everyone
ana sing pengin nggelar pelatihan nggunakake internet kanggo para kulawarga (adik utawa emak, utawa bapak, utawa suami, utawa istri, utawa kakang, utawa mbakyu)-ne bmi-hk kang asal saka Prigi/Watulimo, Trenggalek.

Kira-kira saangkatan iki bisa nampung wong 20 - 25. Mengko sarampunge pelatihan digelar chatting bareng nganggo layar tancap ing Prigi. neng hk sabisa-bisa ya sing padha chatting ngumpul ing sawijing papan. diatur ben gayeng kaya onton bareng ngana kae mbokmenawa apik ya?

Trus yen ana sing pengin kirim foto saka hk, mengko ing indonesia disiapake printer, trus fotone bisa diprint kanggo kulawarga ing indonesia.

Sing tertarik lan pengin melok bisa ndhaptar mung kanthi kirim SMS nyang nomoe iki +6281 837 4138. syukur sisan ditulis ID YM kanthi genep (email), contone: kenang_lanang@yahoo.com

Tulung, ya, info iki digethoktularake nyang kanca-kanca liyane, mligine sing asal Prigi.


Suwun


Bonarine

utheyabdullah wrote on Apr 21
namung khusus kangge wargo prigi nggih pak?
cewekblora wrote on Apr 22
lha Blora?????
susieutomo wrote on Apr 22
tantangane, akeh BMI sing luwih gayeng chatingan karo TKI liya negara tinimbang karo keluargane dewe, Kang......
bonarine wrote on Apr 28
tantangane, akeh BMI sing luwih gayeng chatingan karo TKI liya negara tinimbang karo keluargane dewe, Kang......
weladalah. lha kuwi piye ta!
bonarine wrote on Apr 28
namung khusus kangge wargo prigi nggih pak?
sementara khusus nggo prigi, nggalek. ngkoi nek sukses kan isa dimrembetke nyang tlatah liya ta
kenangajingga wrote on May 8
Emang begitculah kenyataannya kok, bung...
iks, ngaku. tapi suer aku tidak diantaranya lho ha ha ha
Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help