Blog EntryMas Yudhet TinimbalanJun 14, '08 2:07 AM
for everyone
Innalilahi wa innaillaihi rojiun (ngapunten yen lepat ejaanipun nggih), menika kala wau wonten kabar saking Pak Tiwik (tulungagung), Mas Andreas Edison (Blitar) lan Mas Jarot Setyono lumantar Mbak Ilma ing Hong Kong, bilih tabuh pitu dalu menika Mas Yudhet (Yudhi Triantoro), salah satunggaling founding fathers Sanggar Triwida, tinimbalan marak pangayunaning Gusti Allah lelantaran gerah/serangan jantung.


Dalu menika kula piyambak kedah ngayahi jejoibahan ing Surabaya, pramila, miturut usulan saking Mbak Amin (Yogya) lumantar weling cekak, pesan pendek, utawi es-em-es, bilih kanca-kanca saking yogya, semarang, solo, bojonegoro, lamongan, surabaya, malang, kersa rawuh ing wilujengan pitung dintenipiun, saget semadosan amrih saget langkung gangsaring lampah.

menawi wonten usulan sanes utawi nyarujuki usulanipun mbak Amin, utawi kersa kintun atur belasungkawa, panjenengan sedaya saget sesambetan lumantar wicantenan langsung utawi nyerat weling cekak tumuju nomer menika: +6281 331 695 664

Sugeng tindak, Mas Yudhet!

cewekblora wrote on Jun 14
Innalilahi wa innaillaihi rojiun
walah dereng pitepangan kok sampun kapundhut nggih....hik hik hiks...
lailan wrote on Jun 14
Innalillahi wa inna illaihi rojiun.
sitiana wrote on Jun 15
innalillahi wainna ilaihi raji'un
cahya07 wrote on Jun 17
innalillahi wainnailaihi rojiun...
semoga khusnul khotimah........
bonarine wrote on Jun 20
cahya07 said
innalillahi wainnailaihi rojiun...
semoga khusnul khotimah........
amin ya rabbal alamin
Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help